KOSIM EDAN RANGDA


Wis lawas ora dongeng ..arepan Dongeng ala reang ah...

Ning desa Tangguljati, ana pemuda arane Kosim, mboke dagang rumbah lan bapae tukang rongsokan, tapi Kosim pengen eksis, ari gaya mirip vokalis Jambrud, supaya katone nambah garang awake ditato, gigire digambar kalajengking tapi dadae digambar Hello Kitty, unggal dina Kosim ora nganggo klambi ngedengaken tato kalajengking sing ndase rada denggol kenang gambare buru-buru...


Ning sewijine dina, Kosim sing bujangan lapuk kih demen rangda maesan dau balik sing Taiwan, wonge denok demplon, kulite kuning pring kemuning, rambute blonde tapi sayang ari mangan uruge pindo... Kuen gah jare wong sih.


Karna demen pisan, Kosim maksa bapae kon jage ngelamar, tàpi bapae keder ora bisa ngomonge, soale dudu kenang apa-apa, bapae Kosim bisu sing awit cilik....


Kosim gelisah lan amuk-amuk bae, ngrungu si rangda mau akeh sing sanjai, Kosim pengen ngajar sapa bae sing mareki si rangda senajan kudu mabok Cipas dipit alias Ciu Plastik sing ambune kaya septiktank...

Kosim ora rela wadon idamane direbut wong padahal ketemu bae ora weruh.


Gelise cerita Kosim frustasi pengen bunuh diri, si rangda sida dikawin wong sejen.

Kosim nangis sesenggukan lamon ngrungu lagu 'turu ning pawon' baka ana arak-arakan  singa depok liwat.


Akhire Kosim miang sing kampung kerja meng laut. Bapae sing bisu ora bisa ngomong apa-apa. Mboke mah pujare dewek bae.


Terus priwe kelanjutane ?

Tunggu saja ya..😁

Iklan Atas Artikel

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Tengah Artikel 2

Iklan Bawah Artikel