GARA-GARA VALENTINAN DULKAMID NGENES

Ceritane ning toang Jangga, ana mang Dulkamid diumbangi rabine, bi Ojah.
Wong wadon baka lagi ngamuk ya pasti kalap, kaya macan, mang Dulkamid di tuding-tuding, disira-sira.
Wong lanang kaya wis langka balung erine.


(Kita bae sing gawe cerita kien sampe nyebut bae ya alloh... bi Ojah gage nyebut....nyebut... eling...)

Kenang apa Dulkamid diumbangi bi Ojah ?
Asale bi Ojah ora sengaja nemu hpne mang Dulkamid sing diusupaken ning sor peturon, pas dideleng ning jerone ana sms sing bi Tar.
Tulisan Mang Dulkamid ning sms e kaya kids zaman now, melu meriahaken hari valentines day wangune mah, akeh say..akeh lope..lan akeh rayuane...

"Siiirrraa kuh Dulkamid... rabi siji bae durung bisa nyukupi, mader mekaya olih ladang ngojeg bae wis gayae kaya wong sugih..." jare bi Ojah karo nuding raine mang Dulkamid

"Kita dipai belanja unggal dina 20 ewu gah dipangan bareng... karo cocot e sira !" lanjut bi Ojah bari cangare abang.

"Tar... tar kuh sapa hah....tek pites raine tek wejek-wejek t*r*k e...tek cakar raine.. " jare bi Ojah.

Mang Dulkamide mah meneng bae....

"Tar kuh praktor..." lanjut bi Ojah

"Dudu praktor bu ... tapi pelakor." jare mang Dulkamid setengah nyengir.

"Wis gah bu mana liren dipit... ikuh lambene nambah maju bae... ngko mangan seblake angel..." jare mang Dulkamid

"Ora .. oraaaaa ora apan ngladeni raiiini ra " jare bi Ojah bari mbuang rai nambah mengkel.

"Wis bu isin didelengi wong liwat, sukiki jalan-jalan bae yu meng Jatibarang meng Yogya... melu ora ? Los pengen apa tek pai tapi nyewote aja dilanjutaken...." jare mang Dulkamid.

"Sing aran Tar kuh bengene langganane reang ngojeg langka hubungan apa-apa soale si Tar kuh ning arab wonge gah....ari love-lovean kuh jawane mah reang belajaran.. wis ari ibu cemburu bae mah reang mari ngojege ya.." jare mang Dulkamid serius setengah mengkel

Bi Ojah tetep raine mbetatut bae ngloyong balik apan ngladeni tukang kredit, mang Kasno sing ari telat bayar nagihe unggal jam.

---

Gelise cerita sukiki esuk sida bae mang Dulkamid ngajak bi Ojah meng swalayan Jatibarang.
Anake si Dukir ora diajak, dipai duit kon miang dolanan warnet bae.
Dadi bi Ojah duaan karo mang Dulkamid.
Bi Ojah ning ati ngegerimut bae soale ana sing dirasa sejen ning deweke tapi bi Ojah gengsi ora nakon.
Sesampene ning Jatibarang ning jero sowal-ayan eh swalayan najan lungae bareng tetep bae pada ora madep rai ya tetep mungkur ati.

(Reang sing gawe cerita kien gah kayae pegel kah ndeleng polah tingkahe wong loro kuen kuh..tingeling aja tinema-tinemu)

Akhire belanjae bi Ojah ntek 5 jutaan...
wihhh bi Ojah balas dendam ning lakie.
Tuman jeh... aja macem-macem ning wong wadon kuh...

---

Cepete ning cerita lur.. mang Dulkamid sukikie ora ngojeg maning soale motor e didol nggo belanja rabie ning swalayan mau kah...
Dadie ya pada tukar maning. Saking gedeane tukaran wis langka kompromi maning.
Akhire mang Dulkamid nyisih balik meng wong tuane sing arane Ki Daska ning desa Jumbleng.
Bi Ojahe purik meng desa Rejiang ning sedulure.
Jare mah bi Ojah e sekien dadi tukang karaoke ning mobil bis.
Mang Dulkamid e dadi mbah tapi ora payu langka sing njaluk-njaluk jampi sekiene dadi tukang sudu ning kali Jumbleng.
Sing melas iku ning si senang Dukir anake, sekiene terlantar ora melu mana ora melu mene tapi kenang gaule karo bocah salah sekiene dadi anak jalanan, genahe ning prapatan Jatibarang...
(Soe)


(Nama dan alamat bukan yang sebenarnya, cerita hanya fiktif semata)

Iklan Atas Artikel

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Tengah Artikel 2

Iklan Bawah Artikel