NABI SULAEMAN MANJING NERAKA

Ning pojok tajug, Dulkamid lagi ngobrol karo Warjo (dudu aran sebenere), Warjo sekien rajin pisan meng tajug lan rajin debat soal agama, padahal Warjo ora pernah melu pengajian apa maning mesantren, tapi ari debate kalah langsung bae darah tinggi e kumat.

Dulkamid lan Warjo lagi ngobrol soal pawang udan.

"Pawang udan ikuh mindahaken udan nganggo jin, dadi pawang udan ikuh syirik lan ibadahe ora diterima patang puluh dina !" jare Warjo

Dulkamid penasaran, terus jawab :

"Lamon kayang konon Nabi Suleman pasti manjing neraka" 

"Jare sapa ? Ari nabi mah pasti manjing surga ..!" jare Warjo bari sewot.

"Lah ... Nabi suleman mindahaken kerajaan karo jin.." jare Dulakmid bari dodok e mingser bokatan di platak ndase.

Warjo : #+*-&_:_!+"(#))#!$;-"+#?

Dulkamid langsung met sendal nyincing sarung nyrintal mlayu sewayah-wayah ndeleng Warjo ngupar ngapir deweke.


Iklan Atas Artikel

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Tengah Artikel 2

Iklan Bawah Artikel