PINTER KENANG ISTILAH


Ning salah sewijine dina, Dulkamid ngrongokna dawuhe Kiai Munawir.

Jare kiai Munawir : "Wong iku dianggep pinter karena pinter maenaken istilah. Dolan-dolan mana-mene wong pinter nyebute observasi, nyoba tiba-tangi wong pinter nyebute trial and error. Jlentrehaken wong pinter nyebute analisis. Pokoke bahasane iku ‘ora umum’ lah pokoke".

"Jare reang nyebute dongeng, wong pinter ngomonge historis, jare reang tulisan kuna nanging wong pinter nyebute manuskrip, jare reang tinggalan atawa tapak wong pinter nyebut situs, jare reang mah tarjemah jare wong pinter transilit eh translit".


"Sing ruwed maning nyebutaken jare sapa bae kosih ribed payah, ana referensi, body note, in-note, foot-note atawa catatan kaki. Dadi Dulkamid baka kepengen dianggep pinter kudu akeh paham istilah, karena wong bodo iku dudu karena bener-bener bodo tapi karena ora akeh kenang paham akehe istilah" jare kiai Munawir maning.



Dulkamid terus nakon : “Ari ngopi-ngopi ning CafĂ© kah istilah e apa kiai Munawir ?”

Jawabe kiai Munawir : “Lhaa... ya coba luruh dewek istilah-istilahe apa kuen kuh.. Mid Dulkamid supaya dianggep wong pinter”.

Dulkamid e ndlongop bae soale ora paham luruh istilahe ning ndi.

Iklan Atas Artikel

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Tengah Artikel 2

Iklan Bawah Artikel