Cerita Guyon Khas Indramayu Kidulan : KORBAN VALENTINAN

Sawah di Loyang


Ceritane ning toang Jangga, ana mang Dulkamid diumbangi rabine, bi Ojah.
Wong wadon baka lagi ngamuk ya kalap, kaya macan, mang Dulkamid di tuding-tuding, disira-sira, wong lanang pasti lemes kaya langka balung erine lamon diumbangi rabie.
(Kita bae sing gawe cerita kien, sampe nyebut bae : ya Alloh... bi Ojah gage nyebut....nyebut... eling... elung...eling..)
Nyewote bi Ojah asale nemu hpne mang Dulkamid ning sor peturon, pas dideleng ning jerone ana sms sing bi Tar.
Mang Dulkamid love-lovean ning sms e kaya kids zaman now, melu meriahaken hari valentines day wangune mah....
"Siiirrraa kuh Dulkamid... rabi siji bae durung bisa nyumponi, mader mekaya olih ladang ngojeg bae wis gayae kaya wong sugih..." jare bi Ojah karo nuding raine mang Dulkamid
"Kita dipai belanja unggal dina mung 20 ewu gah dipangan bareng... di badog cocot e sira !" jare bi Ojah bari matae melotot
"Tar... tar kuh sapa hah.... rangda tah prawan ? Wong ndi ? Tek pites raine tek wejek-wejek tur*k e...tek cakar raine.. " jare bi Ojah bari monyong-monyong.
"Masih kurang tah semono kita denok demplone, kaya Susy Arzety kih.. " bi Ojahe bare goyang-goyang bokonge

Bocah sing liwat pada mandeg ndelengaken bi Ojah ngrecom bae kaya gorengan kacang
Mang Dulkamide mah meneng bae....
"Tar kuh wadon praktor...wadon tukang ngrebut lakie wong, wadon kurang ajar..." lanjut bi Ojah
Eh bicah sing ndeleng mau ngomong :
"Dudu praktor bi ... tapi pelakor .... hahahhah.....!"
Bi Ojah e ora ya ora mbuh maklum lagi nafsu
"Wis gah bu mana liren dipit... ikuh lambene nambah maju bae... ngko mangan Seblake angel..." jare mang Dulkamid
"Ora .. oraaaaa ora apan ngladeni raiiini ra " jare bi Ojah bari lambene kaya iwak mujaer
"Wis bu isin didelengi bocah liwat, wis sukiki mah jalan-jalan bae yu meng Jatibarang meng Yogya kah ... melu ora ? Los pengen apa tek pai tapi nyewote aja dilanjutaken ya ..." jare mang Dulkamid
"Sing aran Tar kuh bengene langganane reang ngojeg langka hubungan apa-apa soale si Tar kuh ning arab wonge gah wis due laki wong kana, ari love-lovean kuh jawane mah reang belajaran, weruuuhhh...wis ari ibu cemburu bae mah reange mari ngojege ya.." jare mang Dulkamid serius setengah mengkel
Bi Ojah tetep raine mbetatut bae terus ngloyong balik ngladeni tukang kredit sendal sing arane mang Kasno wong Kendayakan
Ternyata sida bae sukikie mang Dulkamid ngajak bi Ojah meng Yogya Jatibarang, seneng kayae bi Ojah kuh. Anake si Dukir ora diajak, dipai duit kon miang dolanan warnet bae. Dadi bi Ojah duaan kari mang Dulkamid.
Bi Ojah ning ati ngegerimut bae ndeleng motore sejen sing digawa mang Dulkamid. Biasane motore blenak dienggoe, bi Ojah pernah kedungsuk sing motor kuen gara-gara ondere kecangkol ning step e. Tapi bi Ojah gengsi ora nakon.
Ning jero sowal-ayan eh swalayan najan lungae bareng tapi tetep bae pada ora madep rai ya tetep mungkur ati.
(Reang sing gawe cerita kien gah pegel kah ndeleng polah tingkahe wong loro kuen kuh... sampe kadang nafsu dewek)
Akhire belanjaane bi Ojah ntek 5 jutaan, wihhh... kayane bi Ojah balas dendam ning lakie. Tuman jeh... aja macem-macem ning wong wadon kuh...
Ning sukikine mang Dulkamid ora mangkat ngojeg maning karena motor e langka wis didol nggo belanja rabie ning swalayan wingi kah...
Akhire ya tukar maning, rumah tangga kuh ari nggulati senenge angel tapi ari glati tukar ya gampang.
Ujung-ujunge mang Dulkamid wis ntek sabare terus nyisih balik meng wong tuane, Kaki Daska, ning desa Jumbleng.
Bi Ojahe ya melu purik balik meng desa Rejiang.
Jare mah bi Ojah kuh sekiene daftar arep miang meng luar negeri tapi jare mah lawas ning tampungan ora olih-olih majikan.
Sedangkan mang Dulkamid e jare mah dadi mbah dukun tapi ora payu langka sing njaluk-njaluk jampi, jimate kurang ampuh
Sing melas si senang Dukir anake, sekiene terlantar lan dadi anak punk, genahe ning prapatan Jatibarang...
Kabeh kien asale kenang soal sepele, ari nedes masalah ya aja nemen-nemen, ngko sing rugi mah kabeh....

Iklan Atas Artikel

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Tengah Artikel 2

Iklan Bawah Artikel